Asal Wedang Ronde

Kanggo saperangan bebrayan Jawa Tengah lan yogyakarta mungkin wis ora asing karo panganan kang siji iki. Wedhang rondhe yaiku panganan kasil akulturasi budaya Cina lan Indonesia, kang asale saka “ronde” utawa adonan bunder kang terinspirasi saka panganan Tangyuan (Cina) lan duduh “wedhang” kang panas lan legi khas Jawa. Senadyan wedhang rondhe kuwi kasil akuturasi budaya Cina lan Indonesia, jeneng rondhe diyakini asale saka basa walanda ‘rond’ kang tegese bundher. Ditambahi wuwuhan “je”, akhire dadi rondje utawa rondhe kang luwih gampang diucapake wong Indonesia. Ning basa walanda, akhiran ‘je’ tegese nuduhake tembung jamak.

Tangyuan

Wedhang rondhe ing kutha Solo umume didol dadi panganan ing pinggir dalan kang bisa ditemoni ing wataraning papan wisata kaya Kori Kamandungan Surakarta, Keraton Surakarta, area Ngarsopuro-Mangkunegaran, Stadion Manahan, utawa Bale Kutha Surakarta. Biyasane, wong dodol wedhang rondhe dodolan wiwit sore nganti wengi. Menawa kowe pengin njajal kuliner saliyane rondhe, pirang-pirang wong dodol wedhang rondhe uga dodol wedhang asle  kang bisa dadi pilihan menu liya.

Pasar Triwindu

Apabila anda menyukai konten-konten kami, kunjungi laman Instagram kami dan bagikan konten kami kepada teman-teman anda.