Wedhang rondhe ing kutha Solo umume didol dadi panganan ing pinggir dalan kang bisa ditemoni ing wataraning papan wisata kaya Kori Kamandungan Surakarta, Keraton Surakarta, area Ngarsopuro-Mangkunegaran, Stadion Manahan, utawa Bale Kutha Surakarta. Biyasane, wong dodol wedhang rondhe dodolan wiwit sore nganti wengi. Menawa kowe pengin njajal kuliner saliyane rondhe, pirang-pirang wong dodol wedhang rondhe uga dodol wedhang asle kang bisa dadi pilihan menu liya.