
Kuliner Jawa: Wajik
Hallo Mitra Javanologi, yen awake dhewe ngomong ngenani kuliner kang ana ing Indonesia, aja lali kanggo njajal jajanan tradhisional ing Jawa Tengah kang kagawe saka ketan, yaiku wajik. Apa ta wajik iku?, wajik yaiku panganan / nyamikan kang nduweni pira-pira sesebutan kang seje-seje ing saben papan. jeneng wajik dhewe luwih kondhang ing laladan Jawa Tengah. Wajik ketan kagawe saka beras ketan kang dikukus banjur dimasak karo campuran santen lan gula nganti berminyak lan krasa alus, gula kang digunakake ing wajik jinis iki biyasane yaiku gula abang, gula abang kang digunakake arep nggawe wajik dadi werna cokelat enom nganti cokelat tuwa, sawise wajik diangkat saka panggonaning pengolahan, wajik banjur arep dibentuk utawa diiris jumbuh karo gegayuhane sing gawe, wangun kang kulina digawe yaiku wangun belah kupat utawa jajar genjang, wangun belah kupat utawa jajar genjang dening wong jawa kulina sinebut wangun wajik, nah mangkono mitra Javanologi sebab apa dijenengi wajik. Kue wajik biyasane uga ambu wangi amarga jroning pengolahane migunakake godhong pandan. Jinis wajik ketan saliyane werna cokelat ana uga kang nduweni werna liya kaya werna ijo lan werna abang jambon. Werna ijo ing kue wajik asale saka pewarna alami yaiku saka sari godhong suji, dene werna abang jambon bisa diolehi saka pewarna panganan. Wajik kang werna ijo lan abang jambon ora migunakake gula abang ananging migunakake gula pasir. Mitra Javanologi, cara nggawe wajik cukup prasaja loh, nanging wayah masake cukup suwe, menawa ora wajik dadi keras lan ora tahan lawas .
Bahan:
1. 1 kg beras ketan kang anyar lan apik
2. 3 butir klapa tuwa (parut lan dadekake santen 1000 ml) 750 gram gula pasir
3. 1 sdt uyah alus
4. 5 lembar godhong pandan, simpulke
5. Lenga klentik, kanggo mengoles loyang/cithakan
6. Godhong gedhang/alas plastik menawa pengin nggawe karo variasi werna, tambahake jero adonan 100 ml larutan pewarna alami menawa remen.
Cara Gawe Wajik:
1. Umbah resik beras ketan lan rendem lawase 2 jam wau tirisake.
2. Kukus beras ketan ing dandang lawase luwih kurang 40 menit (setengahing mateng), angkat lan dinginkan.
3. Panaske santen, gula pasir, godhong pandan, lan uyah ing wajan jero antilengket masak jroning geni lagi sinambi diaduk ben santen ora pecah masak nganti tinggal setengah lan kentel.
4. Lebokake ketan kang wis dikukus, aduk bali nganti santen katon nyawiji karo beras ketan lan mengering, angkat.
5. Isikake menyang jero loyang/cithakan kang dialasi plastik kang wis diolesi lenga, ratakan tekan padhet lan ademake.
6. Sajekake karo dikethok-kethok.
Cathetan: ben wajik awet nganti berminggu-minggu, kemas/bungkus jero plastik katutup rapat. bab iki kanggo ngendhani ben udara ora mlebu.
Pangripta : Mahardika Kurnia Ardhi

