Halo
Mitra Javanologi,

     Sapa ya sing ra ngerti tembang laladan sing duwe irah-irahan Gundhul – Gundhul Pacul? Tamtu sakabehe cah cilik-cilik ing taun 90-an kenal tembang iki, mligine dheweke kabeh sing bocah ing Jawa Tengah. Tembang Gundhul – Gundhul Pacul yaiku sawijining tembang dolanan bocah sing ditulis migunakake basa Jawa. Cakepan tembang Gundhul – Gundhul Pacul tembunge digawe dening Sunan Kalijaga ing taun 1400-an uga direwangi dening R.C Hardjosubroto. Tembang kasebut asale saka Jawa Tengah lan asring ditembangake dening cah cilik-cilik dadi tembang dolanan ya uga bisa tembang laladan.

      Adhedhasar teges basa kang digunakake, gundhul ateges sirah plonthos, buthak, lan ora ana rambut. Sirah dhewe yaiku tandha kinurmatan lan kamulyan pawongan. Dene rambut yaiku mustaka, yaiku tandha kaendahan sirah. Saengga gundul nduwe ateges kinurmatan tanpa anane makutha. Dene pacul nduweni ateges pacul yaiku salah sijining piranti petani sing kagawe saka wesi arupa segi papat utawa kotak. Saengga pacul iku tandha kawula endhep saka akeh-akehe petani. Menawa dadi siji “gundhul pacul” ateges pawongan panggedhe sing sejatine dudu wong kang diwenehi sawijining makutha.

Lirik lagu Gundhul – Gundhul Pacul

Gundhul–gundhul pacul cul gembelengan

Nyunggi–nyunggi wakul kul gembelengan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

 

Gundhul–gundhul pacul cul gembelengan

Nyunggi–nyunggi wakul kul gembelengan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

 

 

 Pangripta: Elang Widya Buana

 Penulis: Elang Widya Buana

https://pariwisata.demakkab.go.id/filosofi-tembang-gundhul-gundhul-pacul/

https://tirto.id/isi-lirik-lagu-gundul-gundul-pacul-apa-makna-dan-artinya-glC6