Halo, Mitra Javanologi!

     Pitungan Jawa utawa pananggalan Jawa yaiku pananggalan kang digunakake dening Kasultanan Mataram lan sawetara karajan pecahane sarta kang entuk pangaruhe. Mitra Javanologi, masarakat Jawa asring ditepang nduweni tatacara jroning ngira-ira kabeh bab kang ana jero kauripan. Sanadyan wis tekan ing era modhern, nanging pananggalan Jawa nganti saiki isih dijaga lan digunakake kanggo sawetara kaperlu, tuladhane nemtokake weton, dina kanggo panganten, ngupadi dina apik lan dina elek, ngitung selametan wong pralaya lan isih akeh maneh malah ana kang migunakake kanggo judi lan liyane.

     Jroning tradhisi lan kabudayan Jawa, ana akeh bab kang apik kanggo disinaoni. Salah sijining yaiku ngenani pasaran. Pasaran Jawa dhewe ana 5 dina kanggo siji siklus/ seminggu, yaiku Legi, Pahing, Pon, Wage, lan Kliwon. Olehe ditembungake dina pasaran Jawa iki unik amarga dipengaruhi dening pitungan pananggalan Islam, Hindu, lan Julian Romawi. Sakabehe dina pasaran Jawa dhewe nduweni cacahe angka, kang sinebut neptu. Neptu yaiku cacahe angka kang diwenehke saben-saben dina lan pasaran. Kadhangkawis ing aksara, jinising sasi lan bab laine uga diwenehke cacahe neptu kanggo ing gawe petungan tinemtu. Jroning penerapane neptu biyasane digunakake kanggo ngira-ira weton lan jodho saka calon manten.

Ing ngisor iki yaiku neptu saka dina pananggalan Jawa:
1. Minggu : 5
2. Senin : 4
3. Selasa : 3
4. Rabu : 7
5. Kamis : 8.
6. Jumat : 6
7. Sabtu : 9 

Dene kanggo pasaran Jawa dadi iki:
1. Kliwon : 8
2. Legi : 5
3. Pahing : 9
4. Pon : 7
5. Wage : 4

Sawise awake dhewe deleng saka neptu ing dhuwur, Mitra Javanologi oleh nemtokake neptu weton saka dina kelairan kowe kabeh. Dadi tuladha siji lair ing dina Kemis Pon, ateges neptu wetone 8 + 7 = 15.

Mengkone saka penjumlahan kasebut awake dhewe bisa mangerteni kaya apa watek wong kang lair karo neptu kemis pon lan kepriye peruntungane utawa oleh dingerteni jodho kang pener kanggo siji kang lair ing dina kasebut.

Kepriye Mitra Javanologi? Wis luwih ngerti ngenani dina pasaran Jawa durung. Muga-muga nambah wawasan kowe kabeh ya.

Penulis: 
Nimas Ayu Anggraini

Sumber:

https://www.daftarinformasi.com/hari-pasaran-jawa/

https://www.kompiwin.com/kalender-jawa/