Kesenian Jawa: Tari Gambyong

      Gambyong yaiku salah siji tarian Jawa Klasik sing asale saka daerah Surakarta lan biasane kanggo pagelaran utawa dadi sambutan tamu. Tari Gambyong dudu mung sak tarian nanging ana macem-macem Gerakan koreografi, salah sijine Tari Gambyong Pareanom ( nganggo pirang-pirang variasi ) lan Tari Gambyong Pangkur  (nganggo pirang-pirang variasi ). Arepa akeh maceme, tari iki duwe dasar gerakan sing padha yaiku gerakan tarian tayub/tlèdhèk. Dasare,gambyong digawe kanggo penari tunggal, nanging saiki luwih sering karo pirang-pirang penari ditambahi unsur blocking panggung dadi ana garis lan gerak sing gedhe.

Sejarah Tari Gambyong

      Ana gon Serat Centhini kitab sing ditulis ing wektu pemerintahan Pakubuwawa IV (1788-1820) lan Pakubuwana V (1820-1823), wis ngarani anane gambyong dadi tarian tledhek. Wektu iku, salah siji penata tari wektu pemerintahan Pakubuwana IX (1861-1893) jenengen K.R.M.T. Wreksadiningrat menggarap tarian rakyat iki supaya pantes digelarake ing golongan para bangsawan utawa priyayi. Tarian rakyat wis dialuske supaya dadi kondhang lan biasa ditampilake marang para tamu nang Istana Mangkunegaran. Owahan penting tari Gambyong kedaden wektu taun 1950, Nyi Bei Mintorarasn, pelatih tari saka Istana Mangkunegaran wektu Mangkunegaran VIII gawe versi gambyong sing dipakemke sing dikenal dadi Gambyong Pareanom. Koreografi iki ditampilake kaping pisan nang upacara/adicara rabine Gusti Nurul, sedulur wadon Mangkunegaran VIII, ing taun 1951. Tarian iki disenengi masarakat ngasi ana versi-versi liyane sing dirembaka kanggo konsumsi masarakat

Gerakan Tari Gambyong

      Gerakan Tari Gambyong ada telu bagian, yaiku wiwitan isi lan wusana. Unike tari Gambyong  ana nang gerakan sikil, lengen, awak lan sirah. Gerakan ngiringi utawa melu gerak tangan cara nyawang arah driji tangan. Gerakan ngasi iringan karo gendhing sing digawakake. Pambuka tari diirngi karo gendhing Pangkur. Banjur, irama iki gawe Teknik gerakan ditampilake para penari kang luwes, kenes, kewes lant regel. Biasane para penari Tari Gambyong dijangkepi nganggo sanggul lan kemben. Arepa ngono, tampilane dheweke tetep elegan lan ekspresine anggun.

Ciri kusus Tari Gambyong antarane:
–  Sandhangan sing dinggo nuansane werna kuning lan ijo dadi simbol kamakmuran lan kasuburan.
–  Sak durunge tari diwiwiti, mesthi dibuka gendhing pangkur.
– Teknik gerak, irama iringan tari lan pola lendhangan bisa menampilake karakter tari kang luwes, kenes, kewes, lan tregel.

Makna Tari Gambyong

Makna tari gambyong diibaratake Dewi Pari (Dewi Sri) sing lagi nari. Sabab saka iku dhisik tari ini dinggo  adicara ritual pertanian supaya entuk kasuburan pari lan panen sing akeh.  Tari Gambyong wis diangkat dadi hiburan ngramekaken adiacara resepsi kawinan, ngasi nyambut tamu-tamu kahormatan atau kanegaran.