Batik Jawa Tengah
Mitra Javanologi, batik Indonesia dinobatake dadi Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity ing taun 2009 nyengkuyung UNESCO kanggo negesake marang Indonesia supados jaga lestarine warisan kasebut. Batik yaiku sandhangan adat Jawa Tengah
Jawa Tengah nduweni budaya kang kenceng kaitane karo budaya Jawa (Kejawen). Karaton Surakarta yaiku pusat saka kabudayan ing Jawa Tengah. Sabab kang saka iku Karaton Surakarta dadi salah siji tujuwan utama adiacara pagelaran seni lan budaya ing propinsi iki. Budaya Jawa Tengah dibagi dadi rong macem yaiku, Jawa Banyumasan lan Jawa Pesisiran. Kabudayan Jawa Banyumasan yaiku kasil campuran saka budaya Jawa, Cirebon, lan Sunda. Budaya Jawa Pesisiran yaiku kasil saka campuran budaya Jawa lan Islam. Saka rong macem budaya iki, budaya Jawa Tengah nduweni akeh padhane karo Yogyakarta lan Jawa Timur. Saka basa, kebiyasaan masarakat, norma, lan dialek ora bedo adoh saka rong daerah kasebut. Dadi, wis sakwajare yen sandhangan adat sing diginakake nduweni pepadhan lan wenehi pangaruh siji lan sijine.
Jawa Tengah yaiku salah sawijining daerah kang masarakate kondhang teguh anggone nglestarekake warisan leluhur. Tradisi sing suwe mlaku kasebut dijaga lan diselarasake karo kamajuan jaman, malahan kamajuan teknologi dimanfaatake masarakate kanggo ngenalake budayane. Batik dadi salah sijine. Arepa akeh daerah sing nduweni macem batik dhewe, ora bisa dielakake batik khas Jawa Tengah yaiku batik sing sering dinggo masarakat. Etnis Jawa yaiku etnis sing cacahe paling akeh ing nuswantara. Kawit jaman ndhisik , pusat-pusat kajayaan Jawa akeh ing Jawa Tengah. Kayata Karaton Mataram, Mataram Hindu tuwin Mataram Islam loro-lorone ana ing Jawa Tengah. Sabab kang saka iku, ora gumun yen budaya Jawa, kususe Jawa Tengah wenehi inspirasi akeh daerah liyane ing bab budaya, ora kajaba sandhangan adat.
Batik yaiku salah sawijine warisan budaya bangsa Indonesia. Batik yaiku kain tenun asli Indonesia ana gambare sing digawe khusus karo nulisake utawa nerapakake ukiran ing kain kasebut. Indonesia termasuk Propinsi Jawa Tengah, kabeh nduweni kaunikan lan ciri khas pola sing beda, salah sijine yaiku batik. Nah, motif batik saben daerah nggambarake ciri khas daerah asale.
1. Batik Khas Jepara
Jepara dadi salah sijine daerah sing produksi kain batik kanggo Indonesia. Ning kene, kowe bisa kenal motif godhong ulir ijo lan gajah coklat. Pola batik ing daerah iki luwih akeh sithik dipengaruhi karo ukiran-ukiran kasebut. Ana pola liyane batik khas Jepara:
– Sido Arum
– Sekar Jagat Bumi Kartini
– Parang Poro
– Lung–Lungan
– Kembang Setaman, dll
2. Batik Khas Solo
Motif batik Solo sanget direkomendasikake sabab kondhang tingkat nasional tuwin internasional. Ana motif saka Solo:
– Kawung
– Parang
– Truntum
– Sidomukti
– Satrio manah
– Semen rante
– Sawat
3. Batik Khas Jogja
Kurang lengkap rasane yen nang Jogja ora nggawa bali oleh-oleh batik. Motif batik Jogja ameh padha karo khas Solo. Menika pambagiane:
– Ceplok/grompol
– Kawung
– Parang Kusumo
– Sindur
– Pamiluto, dll.
4. Batik Khas Pekalongan
Pola sing kondhang saka Pekalongan yaiku motif batik pitu rupa sing sering diincer karo sebagian masarakat. Kusus kanggo pitu rupa, ciri-cirine yaiku nggambarakake flora lan fauna karo pilihan warna sing akeh kacampur sakpola.
Ora bisa diendhani Jawa Tengah nduweni ragam batik. Kain batik sing nduweni macem-macem motif ini sing dinggo dadi bahan baku sandhangan adat Jawa Tengan. Batik wis digawe atusan taun liwat malahan sejarah nyatet kanggo dhisik dhewe batik didol ing taun 1586 ing Surakarta sing gunakake tangan sing manual. Sabab kang saka iku, wong sing tulisan tangane apik lan suwe diarani “mbatik”
Supaya luwih gampang ngerteni sandhangan adat Jawa Tengah, ana becike awak dhewe kenal motif-motif kain batik Jawa Tengah dhisik:
o Batik Solo Wirasat
Digunakake karo wong sepuh penganten neng acara nikahan. Kain iki nduweni arti wong tua lan maratua bisa wenehi pitutur lan doa sing becik marang anak lan mantu supaya omah-omahe dheweke bisa becik, derajat sing dhuwur lan kagayuhane bisa kawujud.
o Batik Cakar Ayam
Digunakake marang wong tua neng adiacara Mitoni, Siraman, lan Tarub. Batik iki makili angen-angen supaya anak sing rabi bisa ngupa boga dan urip dhewe sak wis e rabi, malahan ora mung kanggo panganten nanging keturunane.
o Batik Grageh Wuluh
Bisa dinggo sapa wae lan kapan wae, amarga kain batik ini biasane dinggo kanggo nglakoni kagiyatan sabendina. Motif iki ngelingake supaya saben uwong mesthi nduwe gegayuhan lan tujuwan urip sing genah dados mesthi semangat kanggo nglakoni urip.
o Batik Parang Kusuma
Batik sing mung bisa dinggo karo golongan priyayi luhur, iki makili gegayuhan supaya sing nganggo bisa oleh kaluhuran, kadudukan lan diadohake saka bebaya saking Gusti Ingkang Maha Kuasa.
o Batik Kawung Picis
Batik iki dikususake kanggo wong-wong sing saka golongan karaton. Artine supaya manungsa ora tau lali saka ngendi asale, penunjuk mata angin, lan supaya bisa ngendalikake nafsu, bisane manungsa bisa gunakakne ati ning kabeh kagiyatan. Sak liyane batik-batik ing dhuwur iish ana akeh macem batik liyane. Ing jaman saiki, ora akeh wong sing nganggo batik dipadhakne karo peran lan maksud milihake motife. Sabab ora akeh wong sing mudheng, yen saben motif nyatane nduweni filosofi sing beda-beda.
