Halo Mitra Javanologi!

      Wayang golek yaiku salah siji ragam kasenian wayang ing nagara Indonesia, ingkang asale saka masarakat Sunda, Jawa Kulon. Pagelaran wayang golek yaiku pagelaran teater rakyat ingkang akeh ditontonke. Perkembangan wayang golek  ing saka abad 19 nganti abad menyang 20 ora ucul saka para dhalang kang terus ngembangake seni tradhisional iki, salah sijine Ki H. Asep Sunandar Sunarya wis menehake inovasi karo wayang golek ben bisa melu perkembanganing jaman, salah siji kreativitase yaiku Si Cepot ing tangane dheweke saiki wayang golek ora mung seni kang ditembungake kuna, nanging seni tradhisional sing kudu dikembangake ing era modhern saiki.

        Mitra Javanologi, sing dadi medhia utama tontonan wayang golek kasebut yaiku piranti kang kagawe saka kayu (racake jinising kayu kang entheng), ditatah, dicat, diwenehi busana lan karakter jumbuh karo paugeran lan kabutuhan. Piranti kayu kang kaya manungsa karo piranti sing jangkep iku isa sinebut dadi wayang golek, karo mangkono jeneng piranti paraga ingkang jangkep lan araning jinis pertunjukan iku dhewe padha yaiku wayang golek. Wangun/awak wayang golek sabenere oleh dipisah-pisah dadi 3 (telu) perangan yaiku perangan sirah karo gulu, tangan, lan awak. Kaping telu perangan kasebut digawe kanthi kapisah banjur disambungkan saengga wangune katon wutuh kaya “manungsa”.

        Perangan gulu lan sirah digabungke dening pring kang wis diraut kurang luwih sagedhe driji kelingking saengga wayang kasebut oleh niliki ngiwa lan nengen kaya manungsa. Perangan ngisor saka pring iku dilancipke, nembus awak wayang tekan mengingsor kang banjur digunake dadi sikil kang arep ditancepake ing debog gedhang, saengga wayang bisa ngadeg kukuh. Saka perangan awak mengisor dipasang kain kang arupa sarung saengga tangan dhalang kang nyekel pring wau ora katon saka jaba. Sawetara perangan tangan digawe kapisah utamane ing bagian bahu lan siku, bagian-bagian iku digayutake karo benang/tali saengga wayang kasebut iso gerak kaya manungsa. Perangan tangan tokoh-tokoh wayang tinemtu diwenehi kelat bahu (hiasan bongkot lengen) utawa gelang. Uga ing pratelan-pratelan awak wayang kang kebak karo manik-manik, anting kuping, badong (hiasan geger), keris lan sapanunggalane. Wangun awak karo rai, sandhangan, manik-manik, dipadhakake karo karakter lan kalungguhan tokoh wayang kang dadi siji.

        Wayang kayu iki kabangun saka pratelan-pratelan kang padha-padha nyengkuyung lan magepokan kaya anane siji dhalang kang nganggo wayang kayu adhedhasar carita, tur wayange iku dhewe, perangan kang ora kapisahake saka kasenian iki yaiku niyaga yaiku grup utawa wong kang nganggo gendhing, kendang, gong, rebab lan sinden, juru kawih sarta juru alok. Jinis-jinis wayang golek iki kabangun saka telu wangun, ana wayang golek cepak, wayang golek purwa sarta kang pungkasan yaiku wayang golek modhern. Mitra Javanologi, wayang golek luwih dominan dadi seni tontonan rakyat, sing bisa digunakake kanggo tuladha karo kebutuhan-kebutuhan masarakat lingkungane, becik kabutuhan spiritual utawa material, mangga awake dhewe bisa nglestarikake wayang golek supaya tetep dadi kasenian lan kabudayan ing Indonesia.

Penulis:
Mahardika Kurnia Ardhi 

Sumber:

https://id.wikipedia.org/wiki/Wayang_golek

https://deepublishstore.com/sejarah-wayang-golek/