Alun-alun Kidul utawa kang kulina sinebut dening masarakat saenggon dadi Alkid yaiku sawijining papan paling kepenak lan cocog kanggo ongkang-ongkang ing keramean Kutha Surakarta. Alun-alun kidul mapan ing jl. Gading, Gajahan, Kec. Pasar Kliwon, Kutha Surakarta, Jawa Tengah lan mapane ing cedhak Karaton Surakarta. Pramila, masarakat kang dolan menyang Karaton Surakarta iki biyasane ngiras ongkang-ongkang ing alkid.
Para pengunjung biyasane nikmati panganan karo nggelar tikar ing dhuwuring suket lan nyantai. Ing alun-alun kidul iki akeh wong dodolan lan penyewaan dolanan kanggo bocah-bocah saengga bocah-bocah arep krasan suwe-suwe ing papan kasebut, salah sijine permainan mancing, perosotan gedhe, sirkuit mobil-mobilan nganti muter-muter karo sepedha hias. Nanging, sepedha hias iki mung oleh digunakake wektu wengi amarga nyala lampu ing sepedha arep katon wektu wengi.
Alun-alun kidul dhewe paling cocog kanggo dikunjungi lan dinikmati ing sore nganti wengi, amarga sesawangan lan swasana alkid ing wektu-wektu kasebut cocog banget kanggo sekadar ongkang-ongkang utawa foto-foto. Saliyane iku, ing kana ana pirang-pirang warung utawa panggonaning mangan kang oleh dinikmati hidangane dening para pengunjung. Ana akeh wong dodol panganan murah ing kiduling Karaton Kasunanan Surakarta iki watara liya dodolan jagung obong, es degan, wedhang asle, cabuk rambak, rondhe lan aneka angkringan. Kuliner kang palang digoleki dening pengunjung kang teka menyang alkid biyasane jagung manis.
Ing dina-dina tinemtu, ing alkid iki asring dianakake pasar wengi, saengga antusias masarakat kanggo ngunjungi alkid iki tansaya dhuwur. Sinaosa alun-alun kidul iki luwih cocog dinikmati ing sore nganti wengi, nanging alkid iki uga bisa dinikmati ing wayah awan. Pira-pira kagiyatan kang bisa ditindakake dening pengunjung ing wayah awan kaya nitih andong ngubengi alkid, menehi mangan kebo bule, nikmati kuliner kang ana ing sawatara alkid, malah nganti sinau sajarah amarga alun-alun kidul ya iku perangan saka kompleks Karaton Surakarta Hadiningrat, saengga tetep nyimpen sajarah.
