Batik Lasem yaiku kasil akulturasi saka 3 budaya, batik iki mujudake 3 budaya gedhe, yaiku budaya Tionghoa, Walanda, lan Jawa. Akulturasi kasebut bisa ditonton saka werna kain batik lasem kang didominasi dening werna abang (terinspirasi budaya Tionghoa), werna biru indigo (khas Walanda), sarta werna coklat soga (khas Jawa). 

Batik Lasem yaiku sawijining jenis batik pasisiran kang nduweni keunikan dhewe. Batik iki kasil saka akulturasi budaya Tiongkok lan Jawa. Wong-wong Tiongkok akeh manggon ing pasisir loring pulo Jawa. Bab kasebut kedadeyan amarga pelabuhan-pelabuhan gedhe pulo Jawa ana ing sakdawane pantai lor Jawa. Nanging, sadurunge akulturasi karo Tiongkok, Batik Lasem kawitan ing masa pamarentahan Bhre Lasem I (1350-1375) ing masa iku batik wis dadi sandhangan bangsawan ing tlatah Lasem. 

Motif Batik Lasem nduweni ciri khas dhewe, ana kang asale saka bebrayan Lasem asli, ana uga kang asale saka akulturasi budaya Tiongkok. Tuladhane saka motif Batik Lasem yaiku latohan, iku motif bundheran cilik; watu pecah, arupa kaya pecahan kerikil kang oleh inspirasi saka pembangunan ing masa penjajahan Walanda; kilin, yaiku naga awake kidang lan nduweni sikil lembu kang yaiku lambang kawicaksanan lan oleh inspirasi saka kabudayan Tiongkok; manuk hong (phoenix), yaiku gambar manuk phoenix kang nglambangake dadi simbul saka kabecikan; gunung ringgit, yaiku gambar gunung kang oleh inspirasi ing gunungan jero pewayangan.