Tari gambir anom yaiku tari klasik sing asale saka tlatah surakarta, Jawa Tengah lan wis ana wiwiting jaman kerajaan Mataram islam. Cathetan sejarah tari gambir anom pancen isih durung akeh dhata kang jelas saka para sejarawan lan seniman. Sanadyan mangkono, kasenian tari tradhisional iki diyakini wis ana nalika jaman Kasunanan Surakarta.
Tari gambir anom nggambarake sosok Irawan yaiku anak saka tokoh pewayangan Arjuna. Saliyane iku, tarian iki biyasane digawakake dening penari lanang, amarga ora bisa diuculake saka carita kang kaamot saben gerakane.