racikan cabuk rambak keperang saka potongan kupat kang diiris rada tipis mrambah banjur disiram sambel wijen. sambel wijen utawa cabuk digawe saka wiji wijen kang dialusake, dicampur parutan klapa lan bumbu seje banjur disangrai tekan garing. bumbu garing iki isa disimpen suwe amarga sifate kang awet. mangkono arep dicawisake, bumbu cukup ditambahake banyu nganti kentel. porsi cabuk rambak kapetung mungil. dadi sanadyan nganggo kupat, cabuk rambak biyasane digolongake jajanan utawa selingan. saliyane bahan pembuatane, penyajian cabuk rambak uga kagolong unik. dudu migunakake piring, cabuk rambak dicawisake karo pincuk utawa godhong kang dibentuk kaya mengkono rupa. saliyane iku, kanggo mangan dudu migunakake sendok, ananging migunakake sada cilik. porsi cabuk rambak kapetung cilik