Gambir Anom

Tari gambir anom yaiku tari klasik sing asale saka tlatah surakarta, Jawa Tengah lan wis ana wiwiting jaman kerajaan Mataram islam. Cathetan sejarah tari gambir anom pancen isih durung akeh dhata kang jelas saka para sejarawan lan seniman. Sanadyan mangkono, kasenian tari tradhisional iki diyakini wis ana nalika jaman Kasunanan Surakarta.

Tari gambir anom nggambarake sosok Irawan yaiku anak saka tokoh pewayangan Arjuna. Saliyane iku, tarian iki biyasane digawakake dening penari lanang, amarga ora bisa diuculake saka carita kang kaamot saben gerakane.

Gambir Anom Dancer

Sanadyan ing wiwitane tarian iki digawakake dening siji penari lanang kanthi tunggal lan  miturut perkembangane tari gambir anom uga diperanake dening wadon. Keunikan gerakan uga bisa awake dhewe delok kanthi jelas, tarian iki saliyane mamerake gerakan kang gemulai uga sathithik akeh nontonake gerakan pantonim kaya dandan, bingung, lan sapanunggalane.

Gambir Anom Dancer

Tarian gambir anom umume ditekakake dadi pertunjukan sajroning karaton kanggo nyambut tamu agung. Saliyane dadi tarian sambutan, tarian iki uga asring dipentasake ing acara-acara pengetan dina gedhe nasiyonal.