Mitra Javanologi, kanggo kowe kabeh kang manggon ing Solo Raya mesthine wis ora asing karo pasar kang siji iki. Pasar Gede Hardjonagoro yaiku salah siji pasar tradhisional paling gedhe ing kutha Solo kang ora tau leren beraktifitas suwene 24 jam saben dinane.
Pasar Gede diwangun dening siji arsitek kebangsaan Walanda, Ir Herman Thomas Karsten. Dheweke uga akeh ngrancang desain wewangunan jaman kolonial ing Semarang kaya Pasar Johar. Ciri kas wangunane yaiku wangunan urban kolonial kang dipadukan karo unsur lokal. Kaya kang ana ing Pasar Gede, awake dhewe isa weruh campuran saka unsur Jawa, Eropa, Cina, lan Arab ing wangunan pasar.