Ketan yaiku wiji-wijian memper beras kang nduweni tekstur kelet lan raos gurih legit menawa dimasak. Olahan ketan kulina dimasak karo cara kang meh padha karo beras ing racake, yaiku digodhog dhisik sadurunge dikukus supaya ngolehake tekstur kang pulen ing saben bulire. Ana uga kang sengaja ngolah beras ketan kanthi cara digiling nganti dadi glepung. Ora kaya beras kang dianggep dadi panganan pokok, beras ketan kerep dipangan dadi pacitan kaya kue. Glepung ketan bisa digunakake dadi bahan dhasar kue-kue kaya klepon, wingko, onde-onde, lan sapanunggalane.
Jinis-jinis kuliner kang dikasilake saka beras ketan uga macem-macem ing sawetara tlatah Indonesia. Masarakat Surakarta kang nganut ajaran Islam uga nduwe pacitan kagawe saka ketan kang kulina dicawisake ing nalikane riyadi. Panganan iku sinebut lepet, yaiku ketan kabungkus jero godhong klapa kang dianyam nganti mbentuk tabung.
Ketan oleh digolongake dadi loro yaiku ketan pethak lan ketan ireng. Ketan pethak nduweni kecenderungan raos gurih, dene ketan ireng rasane rada manis. Gurihe ketan pethak racake dipadukan karo bubuk kacang, parutan klapa, utawane ditambah juruh (saus kang kagawe saka gula abang) dadi penyeimbang rasane. Ketan ireng luwih asring ditambah karo parutan klapa utawa kadhangkawis dadi topping jroning panganan manis seje kaya bubur kacang ijo utawa es cendol. Malah jinis ketan iki bisa uga dicawisake dadi es ketan ireng. Ketan ireng lan pethak menawa ngalami proses fermentasi bisa dadi hidangan kang sinebut tape ketan.
Kutha Surakarta nduweni warung-warung kang nyawisake kuliner ketan. Salah siji jajanan saka olahan kang ana yaiku ketan susu. Ketan susu dhewe yaiku panganan populer ing masa saiki kang bahan utamane sega ketan. Jaman semana panganan iki mung pasugatan ketan kulina kang diwenehi klapa sarta wuwuran serundeng utawa bumbu kacang. Nanging saiki ketan wis dimodifikasi karo nambahake sawetara macem toping kaya keju, messes, susu kentel manis, utawa duren. Iku wau sebab apa jajanan ketan kang diwenehi aneka kondimen iku saiki sinebut dadi ‘ketan susu’. Kanthi ngetik tembung ketan susu, panjenengan bakal nemu kedai-kedai penjual jajanan kasebut ing tlatah Kutha Surakarta salah sijine yaiku Ketan Susu 57 Solo.
