Cukup sebait wae, mesthi panjenengan langsung isa menebak sapa tokoh kang arep kita rembug dina iki. Gesang Martohartono, sang musisi Jawa legendaris kang raket disapa Gesang. Lair ing kutha Solo, 1 Oktober 1917, Gesang ora langsung miwiti karire dadi musisi, ananging mung dadi penyanyi tembang keroncong kanggo kendurinan cilikan.
Sadurunge nemu karya emase, Gesang uga sempet nulis pirang-pirang tembang kaya keroncong rodha donya, keroncong si piatu, lan sapu-tangan ing masa perang donya II. Nanging durung tau ana kang pecah kaya Bengawan Solo kang piyambake ciptakan ing taun 1940.
Ora disangka-sangka, tembang Bengawan Solo ciptaane bisa ngeter dheweke muter-muter Asia. Tembangane krungu dening siji wadya jepang lan ‘digawa balik’ lan wiwit kondhang ing mancanegera. Tekan wektu iki, dingerteni menawa Bengawan Solo wis diterjemahake njero 13 basa asing kalebu basa Inggris, basa Rusia, basa Tionghoa, lan basa Jepang.