Sejarah Gedung Bank Indonesia Solo

Mitra Javanologi, ngerti ora kowe yen awale kantor iki yaiku kantor De Javasche Bank (DJB) Agentschap Soerakarta. DJB dhewe yaiku bank sirkulasi duwene pemerintah Hindia Belanda kang tugas nyithak lan ngedharake dhuwit. Kantor bank ing jaman walanda iku banjur ganti dadi kantor perwakilan Bank Indonesia Solo.

Miturut sakjerone sejarah perekonomian Indonesia, kantor BI ing Solo dianggep nduweni peran signifikan. Sakjeroning sejarah kantor perwakilan BI Solo kasebut wis diwiwiti awit didhirikake ing 1867, nalika De Javasche Bank (DJB) mutusake ngedegake kantor cabang anyar ing Jawa bagian jero.

Gedung DJB Agentschap Soerakarta

Pendirian DJB Agentschap Soerakarta yaiku pendirian kantor cabang kapisan DJB kang dudu ana ing tlatah pasisir. Suwene iki pendirian kantor cabang DJB tansah ana ing tlatah pasisir. Ing papan iki ing jaman revolusi, Perdana Menteri Sultan Sjahrir karo kabinete ngrembug revolusi ing surakarta bareng karo Sri Susuhunan Pakubuwono XII lan Sri Mangkoenegoro VIII.

Kantor DJB Agentschap Soerakarta tau ditutup nalika jaman pendudukan Jepang. Banjur dibukak meneh lan pungkasane dadi bagiyan saka nasionalisasi DJB dadi Bank Indonesia ing 1951.

Gedung baru Bank Indonesia Solo (Di sebelah selatan gedung lama)

Sakjerone bangunan iki, awake dhewe bisa nyinaoni telu aspek kang ngenani sajarah perbankan ing Indonesia. Kapisan yaiku bukti kepiye perjalanan BI dadi Bank Sentral. kaping loro, ngenani peran Bank Sentral ing bidang ekonomi. Terakhir yaiku dadi saksi perjuangan bangsa lan nagara Indonesia.

Ing taun 2015, gedhung iki di renovasi lan banjur mbangun gedhung anyar ing sisih kidule gedhung lawas kang dadi gedhong kantor.